Purwaning Dumadi 31:1-55
31 Yakub krungu anak-anaké Laban ngomong, ”Yakub wis njupuk kabèh hartané Bapak. Dhèwèké dadi sugih banget merga njupuk hartané Bapak.”+
2 Wektu ndelok wajahé Laban, Yakub ngerti nèk Laban ora ramah manèh+ karo Yakub.
3 Akhiré Yéhuwah kandha karo Yakub, ”Balia menyang tanahé bapakmu lan sedulurmu,+ lan Aku bakal terus ndhukung kowé.”
4 Yakub ngundang* Rakhèl lan Léa bèn nemoni Yakub sing lagi njaga ternak ing padhang rumput,
5 terus kandha,
”Bapakmu wis ora ramah manèh+ karo aku, ning Gusti Allahé bapakku terus ndhukung aku.+
6 Kowé kabèh ngerti nèk aku wis kerja keras+ kanggo bapakmu.
7 Bapakmu wis ngapusi aku lan wis ping sepuluh ngganti upahku, ning Gusti Allah ora meneng waé wektu aku digawé rugi.
8 Nèk bapakmu ngomong kabèh sing bercak-bercak bakal dadi upahku, kabèh ternak bakal nglairké anak sing bercak-bercak. Nèk bapakmu ngomong kabèh sing lorèng-lorèng bakal dadi upahku, kabèh ternak bakal nglairké anak sing lorèng-lorèng.+
9 Dadi, Gusti Allah terus mènèhké ternaké bapakmu marang aku.
10 Wis tau, wektu musim kawin, aku ngimpi nèk kambing wédok kawin karo kambing lanang sing lorèng-lorèng, bercak-bercak, lan tutul-tutul.+
11 Terus, malaékaté Gusti Allah sing bener kandha karo aku liwat mimpi, ’Yakub!’ Aku njawab, ’Ya.’
12 Malaékat kuwi kandha manèh, ’Tulung deloken. Kambing wédok kuwi kawin karo kambing lanang sing lorèng-lorèng, bercak-bercak, lan tutul-tutul. Kuwi merga aku wis ndelok nèk Laban wis njahati kowé.+
13 Aku iki Gusti Allah sing bener sing nemoni kowé ing Bètel,+ yaiku wektu kowé ngesokké minyak ing watu sing mbok dadèkké tandha lan wektu kowé nggawé janji karo Aku.+ Saiki, kowé kudu siap-siap lunga saka tanah iki, terus bali menyang tanah kelairanmu.’”+
14 Rakhèl lan Léa njawab, ”Aku ora éntuk warisan ing keluargané bapakku.
15 Aku wis dianggep wong asing. Bapakku wis ngedol aku, lan dhuwit sing ditampa+ wis dientèkké bapakku.
16 Kabèh harta sing dijupuk Gusti Allah saka bapakku sakjané duwèkku lan duwèké anak-anakku.+ Mula, manuta karo kabèh sing dipréntahké Gusti Allah marang kowé.”+
17 Terus, Yakub siap-siap lan ngunggahké anak-anaké lan bojo-bojoné ing ndhuwur unta.+
18 Yakub nggawa kabèh ternaké lan kabèh barang sing wis dikumpulké+ ing Padan-aram, terus lunga marang Ishak bapaké ing tanah Kanaan.+
19 Wektu Laban nggunting wulu domba-dombané, Rakhèl nyolong patung déwa keluarga*+ duwèké bapaké.+
20 Sakliyané kuwi, Yakub ngapusi Laban lan lunga tanpa pamit karo Laban wong Aram kuwi.
21 Yakub nggawa kabèh keluargané lan barang-barangé nyabrang Kali Éfrat,+ terus lunga menyang pegunungan Giléad.+
22 Ing dina ketelu, Laban dikandhani nèk Yakub minggat.
23 Mula, Laban ngejak sedulur-seduluré ngoyak* Yakub. Sakwisé pitung dina perjalanan, akhiré Laban isa nyusul Yakub ing pegunungan Giléad.
24 Bengi-bengi, Gusti Allah nemoni Laban+ liwat mimpi+ lan kandha, ”Kowé aja nganti ngomong kasar karo Yakub.”+
25 Yakub ngedegké kémah ing pegunungan Giléad. Laban karo sedulur-seduluré ya kémah ing dhaérah kono. Terus Laban nemoni Yakub.
26 Laban kandha karo Yakub, ”Maksudmu apa? Ngapa kowé ngapusi aku lan nggawa anak-anakku lunga kaya tawanan perang?
27 Ngapa kowé meneng-meneng mlayu saka aku lan ora pamit dhisik karo aku? Nèk kowé pamit, kan aku isa nggawèkké pésta perpisahan kanggo kowé, karo nyanyi-nyanyi nganggo rebana lan harpa.
28 Gara-gara kowé, aku dadi ora isa ngambung anak-anakku wédok lan putu-putuku.* Tumindakmu kuwi ora bener.
29 Sakjané isa waé aku nyilakani kowé, ning mau bengi Gusti Allahé bapakmu kandha karo aku, ’Kowé aja nganti ngomong kasar karo Yakub.’+
30 Aku ngerti kowé lunga merga kangen lan péngin bali menyang omahé bapakmu, ning ngapa kok kowé ndadak nyolong patung-patung déwaku?”+
31 Yakub njawab, ”Aku lunga meneng-meneng merga aku wedi. Aku mikir nèk njenengan bakal ngrebut anak-anaké wédok njenengan.”
32 Njenengan isa mriksa dhéwé barang-barangku ing ngarepé sedulur-seduluré awaké dhéwé. Nèk ana sing konangan njupuk patung-patungé njenengan, wong kuwi bakal dipatèni.” Ning, Yakub ora ngerti nèk sing nyolong kuwi Rakhèl.
33 Mula, Laban mlebu ing kémahé Yakub, kémahé Léa, lan kémahé pembantu wédok loro kuwi.+ Ning, Laban ora nemokké patung kuwi. Sakwisé kuwi, Laban metu saka kémahé Léa terus mlebu ing kémahé Rakhèl.
34 Rakhèl wis njupuk patung-patung déwa keluarga* kuwi, terus dilebokké ing pelana* unta, lan dhèwèké lungguh ing ndhuwuré. Mula pas Laban nggolèki ing kémah kuwi, dhèwèké ora nemokké patung-patung kuwi.
35 Terus Rakhèl kandha karo bapaké, ”Aja nesu ya, Pak, aku ora isa ngadeg merga aku lagi mènstruasi.”*+ Laban tliti banget nggolèki patung-patung kuwi,+ ning ora ketemu.
36 Terus Yakub dadi nesu karo Laban lan kandha, ”Ngapa kok njenengan ngoyak* aku kaya ngoyak penjahat? Sakjané aku salah apa karo njenengan?
37 Sakwisé njenengan ngglédhah kabèh barangku, apa ana barangé njenengan? Dèlèhna ing ngarepé sedulurku lan seduluré njenengan, bèn wong-wong kuwi nentokké sapa sing bener, aku apa njenengan.
38 Wis 20 taun iki aku kerja kanggo njenengan, lan ora tau ana kambing lan dombané njenengan sing keguguran.+ Aku ya ora tau mangan domba lanang saka ternaké njenengan.
39 Nèk ana ternak sing mati merga diserang kéwan buas,+ kuwi ora tau tak gawa marang njenengan, ning langsung tak ganti rugi. Nèk ana ternak sing dicolong pas awan utawa bengi, njenengan mesthi njaluk ganti rugi karo aku.
40 Pas awan aku kepanasen, pas bengi aku kadhemen, lan aku kerep ora isa turu.+
41 Wis 20 taun aku manggon ing omahé njenengan. Aku kerja 14 taun bèn isa nikah karo anak-anaké njenengan, terus aku ya kerja 6 taun manèh bèn isa éntuk ternaké njenengan. Njenengan ya wis ping 10 nggonta-ngganti upahku.+
42 Nèk aku ora didhukung Gusti Allahé bapakku,+ yaiku Gusti Allah sing disembah Abraham lan sing dihormati Ishak,+ njenengan mesthi ngongkon aku lunga tanpa nggawa apa-apa. Gusti Allah wis ndelok kesusahanku lan kerja kerasku, mula mau bengi+ Gusti Allah ngandhani njenengan.”
43 Laban njawab, ”Wong-wong wédok kuwi anak-anakku, bocah-bocah kuwi putu-putuku, lan ternak kuwi ya ternakku. Kabèh sing mbok delok kuwi duwèkku lan duwèké anak-anakku. Apa ya mungkin aku nyilakani wong-wong kuwi lan anak-anaké?
44 Saiki, ayo nggawé perjanjian sing bakal dadi seksi antarané aku lan kowé.”
45 Mula, Yakub njupuk watu, terus didadèkké tandha pangéling-éling.+
46 Yakub kandha karo seduluré, ”Kumpulna watu-watu.” Terus wong-wong kuwi ngumpulké watu, lan watu-watu kuwi ditumpuk. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi mangan ing ndhuwuré tumpukan watu kuwi.
47 Laban njenengi tumpukan watu kuwi Yégar-sahaduta,* ning Yakub njenengi kuwi Galèd.*
48 Laban kandha, ”Tumpukan watu iki dadi seksi antarané aku lan kowé.” Kuwi sebabé tumpukan watu kuwi dijenengi Galèd+
49 lan Menara Penjaga, merga Laban kandha, ”Muga-muga Yéhuwah terus ngawasi kowé karo aku saksuwéné awaké dhéwé ora manggon bareng.
50 Nèk kowé nglarani anak-anakku wédok lan nggolèk bojo manèh, senajan ora ana sing weruh, élinga nèk Gusti Allah weruh, merga Gusti Allah kuwi seksi saka perjanjiané awaké dhéwé.”
51 Laban kandha manèh karo Yakub, ”Iki tumpukan watuné, lan iki watu sing tak dadèkké tandha perjanjiané awaké dhéwé.
52 Tumpukan watu iki lan watu sing dadi tandha iki bakal dadi seksi+ nèk aku ora bakal lunga ngliwati watu iki lan nyilakani kowé, lan kowé ya ora bakal lunga ngliwati watu iki lan nyilakani aku.
53 Muga-muga Gusti Allahé Abraham,+ Gusti Allahé Nahor, lan Gusti Allahé bapaké wong-wong kuwi dadi hakimé awaké dhéwé.” Terus, Yakub nggawé sumpah nganggo jenengé Gusti Allah sing dihormati Ishak bapaké.+
54 Sakwisé kuwi, Yakub mènèhké korban ing pegunungan kuwi lan ngejak sedulur-seduluré mangan. Mula, wong-wong kuwi mangan lan nginep ing kono.
55 Laban tangi ésuk-ésuk, ngambung putu-putuné*+ lan anak-anaké wédok, terus mberkahi wong-wong kuwi.+ Sakwisé kuwi, Laban mulih ing omahé.+
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Lit.: ”térafim”.
^ Utawa ”nguber”.
^ Lit.: ”anak-anakku lanang”.
^ Lit.: ”térafim”.
^ Lèmèk sing dilungguhi wong wédok ing ndhuwuré unta lan ana kanthongé kanggo nyimpen barang.
^ Lit.: ”lagi ngalami sing biasa dialami wong wédok”.
^ Utawa ”nguber”.
^ Istilah basa Aram sing artiné ”Tumpukan sing Dadi Seksi”.
^ Istilah basa Ibrani sing artiné ”Tumpukan sing Dadi Seksi”.
^ Lit.: ”anak-anaké lanang”.