Purwaning Dumadi 43:1-34
43 Kelaparan ing tanah Kanaan parah banget.+
2 Wektu bahan pangan sing digawa saka Mesir+ wis entèk, Israèl ngomong karo anak-anaké, ”Kowé kudu tuku bahan pangan manèh ing Mesir.”
3 Yéhuda njawab, ”Kan wis jelas wong kuwi ngomong nèk aku ora éntuk nemoni dhèwèké manèh nèk ora nggawa adhiku.+
4 Aku gelem tuku bahan pangan nèk adhiku éntuk mèlu.
5 Nèk adhiku ora éntuk mèlu, aku ya ora lunga, merga wong lanang kuwi ngomong nèk aku ora éntuk nemoni dhèwèké nèk adhiku ora mèlu.”+
6 Israèl+ kandha, ”Kowé kok malah nyusahké aku? Ngapa ndadak crita nèk nduwé adhi lanang barang?”
7 Anak-anaké njawab, ”Wong kuwi takon soal awaké dhéwé lan keluargané awaké dhéwé, ’Apa bapakmu séhat? Apa kowé isih nduwé adhi lanang liyané?’ Aku njawab sing saktenané.+ Apa ya aku ngerti nèk dhèwèké bakal ngongkon aku nggawa adhiku mrana?”+
8 Yéhuda meksa Israèl, ”Bocah kuwi bèn mèlu aku mrana,+ bèn awaké dhéwé ora mati kelaparan.+ Bapak lan anak-anakku+ ya ora bakal kelaparan.
9 Tak jamin dhèwèké mesthi bakal slamet.+ Aku sing bakal tanggung jawab. Nèk aku ora isa nggawa dhèwèké bali marang Bapak, aku bakal dosa marang Bapak nganti saklawasé.
10 Nèk wingi-wingi wis mangkat, mungkin saiki aku wis bolak-balik mrana ping loro.”
11 Mula Israèl kandha karo anak-anaké, ”Nèk ngono, gawanen hasil sing paling apik saka tanah iki ing karungmu,+ yaiku balsam*+ sithik, madu sithik, getah wangi, kulit kayu,*+ kacang pistasio,* lan kacang almond. Terus, wènèhna kabèh kuwi marang wong lanang kuwi.
12 Balèkna dhuwit sing dilebokké ing karungmu, mungkin mbiyèn kaé klèru nglebokké dhuwit.+ Terus, kowé kudu nggawa dhuwit sing luwih akèh* timbang sakdurungé.
13 Kowé éntuk ngejak adhimu bèn kowé isa nemoni wong lanang kuwi.
14 Muga-muga Gusti Allah sing Mahakuwasa nggawé wong lanang kuwi mesakké kowé, dadi dhèwèké bakal mbébaské Siméon lan Bènyamin. Ning, nèk pancèn aku kudu kélangan anak-anakku, ya wis aku ora isa apa-apa manèh.”+
15 Mula, wong-wong kuwi nggawa hadiah mau lan dhuwit sing jumlahé luwih akèh. Terus, wong-wong kuwi mangkat karo Bènyamin menyang Mesir lan ngadhep Yusuf.+
16 Wektu ndelok Bènyamin, Yusuf langsung kandha karo wong sing ngurusi omahé, ”Wong-wong kuwi ajaken ing omahku. Kowé kudu mbelèh kéwan lan nyiapké panganan, merga awan iki wong-wong kuwi bakal mangan bareng karo aku.”
17 Wong kuwi langsung nindakké préntahé Yusuf+ lan ngejak wong-wong kuwi menyang omahé Yusuf.
18 Ning, wong-wong kuwi kewedèn wektu dijak menyang omahé Yusuf. Wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé dijak mréné mesthi merga dhuwit sing dibalèkké ing karungé awaké dhéwé mbiyèn kaé. Saiki awaké dhéwé mesthi bakal ditangkep lan didadèkké budhak, terus wong-wong kuwi bakal njupuk keledainé awaké dhéwé.”+
19 Terus, wong-wong kuwi nemoni wong sing ngurusi omahé Yusuf lan omongan karo wong kuwi ing ngarep lawang omahé Yusuf.
20 Wong-wong kuwi kandha, ”Njaluk ngapura, Pak. Pas pertama mréné, aku mung péngin tuku bahan pangan.+
21 Ning, pas tekan ing panggonan kanggo istirahat lan mbukak karungku, aku ndelok nèk dhuwitku ana ing karungku lan isih wutuh.+ Mula, aku péngin mbalèkké dhuwit kuwi,
22 merga aku ora ngerti sapa sing nglebokké dhuwit kuwi ing karungku. Saiki, aku nggawa dhuwit luwih akèh kanggo tuku bahan pangan.”+
23 Wong kuwi kandha, ”Ora apa-apa. Aja wedi. Gusti Allahmu lan Gusti Allahé bapakmu sing ndèlèhké dhuwit kuwi ing karungmu. Dhuwitmu wis tak tampa.” Sakwisé kuwi, dhèwèké ngejak Siméon nemoni wong-wong kuwi.+
24 Wong sing ngurusi omahé Yusuf ngeterké wong-wong kuwi menyang omahé Yusuf lan mènèhi wong-wong kuwi banyu kanggo wisuh sikil. Dhèwèké ya mènèhi pakan kanggo keledainé wong-wong kuwi.
25 Wong-wong kuwi krungu nèk Yusuf bakal teka awan-awan lan mangan bareng karo wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi nyiapké hadiah+ sing digawa kanggo Yusuf.+
26 Wektu Yusuf mlebu ing omahé, wong-wong kuwi mènèhké hadiahé marang Yusuf lan sujud marang Yusuf.+
27 Sakwisé kuwi, Yusuf takon, ”Piyé kabarmu? Piyé kabaré bapakmu sing wis tau mbok critakké kaé? Séhat?”+
28 Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku apik-apik waé lan séhat.” Terus, wong-wong kuwi mbungkuk lan sujud.+
29 Pas Yusuf ndelok Bènyamin adhiné, anaké ibuné,+ Yusuf kandha, ”Apa iki adhimu sing terakhir sing mbok critakké kaé?”+ Yusuf kandha manèh, ”Muga-muga Gusti Allah mberkahi kowé, Lé.”
30 Wektu kuwi Yusuf langsung péngin nangis. Mula, dhèwèké cepet-cepet lunga lan nggolèk panggonan kanggo nangis. Dhèwèké mlebu ing ruangané lan nangis ing kono.+
31 Pas wis rada tenang, Yusuf raup, terus metu lan kandha, ”Siapna panganané.”
32 Panganan sing disuguhké kanggo Yusuf ana ing méja dhéwé, kanggo kakang adhiné Yusuf ing méja dhéwé, lan wong Mesir sing ana ing kono ya mangan ing méja dhéwé. Wong Mesir ora gelem mangan karo wong Ibrani, merga wong Mesir jijik nèk mangan karo wong Ibrani.+
33 Kakang adhiné Yusuf dikongkon lungguh ing ngarepé Yusuf. Lungguhé urut saka anak sing pertama, yaiku sing nduwé hak dadi anak pertama,+ nganti anak sing terakhir. Wong-wong kuwi padha delok-delokan merga nggumun.
34 Yusuf terus-terusan mènèhké panganan saka méjané menyang méjané kakang adhiné. Ning, dhèwèké mènèhi panganan kanggo Bènyamin ping lima luwih akèh timbang liyané.+ Wong-wong kuwi mangan lan ngombé bareng Yusuf nganti wareg.
Katrangan Tambahan
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Kulit kayu iki dijupuk saka wit sing getahé digunakké kanggo nggawé minyak wangi.
^ Iki kaya kacang, ning wernané ijo kekuningan.
^ Lit.: ”nggawa dhuwit ping loro luwih akèh”.