Purwaning Dumadi 47:1-31

  • Yakub nemoni Firaun (1-12)

  • Yusuf nggawé peraturan sing apik (13-26)

  • Israèl manggon ing Gosyèn (27-31)

47  Yusuf kandha karo Firaun,+ ”Bapakku, kakang adhiku, kambing, domba, sapi, lan kabèh duwèké wong-wong kuwi wis teka saka tanah Kanaan. Saiki, wong-wong kuwi ana ing tanah Gosyèn.”+  Yusuf ngejak lima kakang adhiné ngadhep Firaun.+  Firaun takon karo kakang adhiné Yusuf, ”Kowé kerja apa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku gembala domba, Pak, kaya nènèk moyangku.”+  Wong-wong kuwi kandha manèh, ”Aku teka mréné merga arep manggon dadi wong asing ing tanah iki.+ Kelaparan ing Kanaan parah banget+ nganti ora ana padhang rumput kanggo ternakku. Nèk éntuk, aku tak manggon ing tanah Gosyèn.”+  Mula Firaun kandha karo Yusuf, ”Bapakmu lan kakang adhimu wis teka mréné.  Kowé sing nguwasani tanah Mesir. Wènèhana bapakmu lan kakang adhimu panggonan sing paling apik ing tanah iki.+ Wong-wong kuwi éntuk manggon ing tanah Gosyèn, lan nèk ana sing nyambut gawéné apik, wong kuwi isa mbok wènèhi tugas kanggo njaga ternakku.”  Terus, Yusuf ngejak Yakub bapaké ngadhep Firaun, lan Yakub mberkahi Firaun.  Firaun takon karo Yakub, ”Saiki kowé umur pira?”  Yakub njawab ”Aku wis 130 taun dadi pengembara.* Uripku susah lan singkat,+ ora dawa kaya nènèk moyangku sing ya dadi pengembara.”*+ 10  Sakwisé kuwi, Yakub mberkahi Firaun lan lunga saka kono. 11  Kaya sing dipréntahké Firaun, Yusuf ngongkon bapaké lan kakang adhiné manggon ing tanah Mesir lan mènèhi wong-wong kuwi tanah sing paling apik ing wilayah kuwi, yaiku ing tanah Ramesès.+ 12  Yusuf terus nyedhiakké bahan pangan* kanggo bapaké, kakang adhiné, lan kabèh keluargané bapaké, sesuai karo jumlahé anak-anaké. 13  Ora ana bahan pangan manèh ing kabèh wilayah ing tanah kuwi merga kelaparané parah banget. Penduduk Mesir lan Kanaan dadi ora nduwé tenaga merga kelaparan kuwi.+ 14  Terus, Yusuf ngedol bahan pangan marang penduduk Mesir lan Kanaan. Dhuwit sing dikumpulké saka ngedol bahan pangan kuwi+ disimpen ing istanané Firaun. 15  Akhiré, kabèh wong Mesir lan Kanaan ora nduwé dhuwit manèh. Mula, kabèh wong Mesir nemoni Yusuf lan kandha, ”Tulung aku diwènèhi bahan pangan. Dhuwitku wis entèk. Apa njenengan téga ndelok aku mati?” 16  Yusuf njawab, ”Nèk dhuwitmu entèk, wènèhna ternakmu, lan aku bakal mènèhi kowé bahan pangan.” 17  Wong-wong mulai nggawa ternaké marang Yusuf, yaiku jaran, kambing, domba, sapi, lan keledai. Terus, Yusuf ngijoli ternaké wong-wong kuwi karo bahan pangan. Dadi taun kuwi, Yusuf terus ngijoli ternaké wong-wong kuwi karo bahan pangan. 18  Terus, taun ngarepé, wong-wong kuwi mulai marani Yusuf lan kandha, ”Aku bakal jujur marang njenengan. Dhuwit lan ternakku wis tak wènèhké marang njenengan kabèh. Aku wis ora nduwé apa-apa manèh. Aku mung nduwé awakku lan tanahku. 19  Apa njenengan téga ndelok aku mati lan tanahku ora kopèn? Tukunen aku lan tanahku, terus wènèhana aku bahan pangan. Aku bakal dadi budhaké Firaun, lan tanahku bakal dadi duwèké Firaun. Wènèhana aku benih bèn aku ora mati lan tanahku kopèn.” 20  Yusuf tuku kabèh tanahé wong Mesir. Kabèh wong Mesir ngedol tanahé merga kelaparané parah banget. Kabèh tanah ing Mesir dadi duwèké Firaun. 21  Terus, Yusuf ngongkon wong-wong sing manggon ing kabèh wilayah Mesir pindhah menyang dhaérah kutha.+ 22  Ning, Yusuf ora tuku+ tanahé para imam. Para imam wis nampa jatah pangan saka Firaun, mula para imam ora perlu ngedol tanahé. 23  Terus Yusuf kandha karo wong-wong, ”Dina iki, kowé lan tanahmu tak tuku kanggo Firaun. Jupuken benih iki lan sebaren ing lemah. 24  Nèk wis metu hasilé, wènèhna seperlimané marang Firaun.+ Sisané éntuk mbok dadèkké benih bèn isa ditandur manèh lan dadi bahan panganmu, anak-anakmu, lan kabèh keluargamu.” 25  Wong-wong kuwi kandha, ”Njenengan wis nylametké uripku.+ Nèk éntuk, aku gelem dadi budhaké Firaun.”+ 26  Terus, Yusuf nggawé peraturan ing kabèh wilayah tanah Mesir, yaiku seperlima saka hasil panèn bakal dadi duwèké Firaun. Mung tanahé para imam sing ora dadi duwèké Firaun.+ Nganti saiki, wong-wong kudu manut karo peraturan kuwi. 27  Keluargané Israèl terus manggon ing Mesir, yaiku ing tanah Gosyèn.+ Ing kana, wong-wong kuwi nduwé keturunan sing akèh banget.+ 28  Yakub 17 taun manggon ing Mesir, dadi umuré Yakub 147 taun.+ 29  Wektu Israèl ngrasa nèk uripé ora suwé manèh,+ dhèwèké ngundang* Yusuf lan kandha, ”Nèk kowé sayang karo aku, kowé kudu nggawé sumpah* nèk kowé bakal nresnani* lan setya karo aku. Tulung, aku aja dikubur ing Mesir.+ 30  Wektu aku mati, kowé kudu nggawa aku metu saka Mesir lan ngubur aku ing kuburané nènèk moyangku.”+ Mula Yusuf kandha, ”Ya, Pak.” 31  Terus Israèl kandha, ”Kowé kudu sumpah karo aku.”+ Mula Yusuf sumpah. Bar kuwi, Israèl sujud ing bagéan ndhuwur panggonané turu.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”manggon dadi wong asing”.
Utawa ”sing ya manggon dadi wong asing”.
Lit.: ”roti”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”kudu ndèlèhké tanganmu ing ngisoré pupuku”. Kuwi cara kanggo nduduhké nèk setuju karo sumpah kuwi.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.